Lazada Indonesia
Home » , » Cara HRD Menolak Pelamar Saat Wawancara Kerja (Canda Versi Jawa)

Cara HRD Menolak Pelamar Saat Wawancara Kerja (Canda Versi Jawa)


Berikut ini adalah beberapa contoh cara percakapan yang efektif bagi HRD yang tidak ingin menerima seorang pelamar dalam proses interview. Mari kita simak. Tapi maaf ini dalam Java version. Mau diterjemahkan dalam bahasa Indonesia terasa janggal padanan katanya. (H=HRD ; P=Pelamar)

H : Kowe nduwe omah opo ora?
P : Dereng
H : Wah kowe ora iso ketompo nang kene
P : Lho kok ngaten?
H : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan
P : Ah.. mboten kok. Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih
H : Yo malah ora ketompo
P : Lho kok ngaten...?
H : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang-nongkrong ae
---------
H : Kowe nduwe motor opo ora?
P : Mboten
H : Ora ketompo
P : Lho kok mboten ketompo ?
H : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit
P : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto mriki
H : Wah malah ra ketompo...
P : Lho kok ngoten
H : Tempat parkire wis ra cukup
-------
H : Kowe wis lulus sarjana tenan...?
P : sampun pak
H : Ora ketompo. Kene iki golek sing SMA ae, luwihmanutan lan ben mbayare murah
P : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi
H : Malah ora ketompo...
P : Lho kados pundi to?
H : Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, lek wis lulus mesti golek kerjo neng perusahaan liyo
-------
H : Kowe seneng guyon opo ora ?
P : Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe
H : Ra ketompo...
P : Waa...kok ngoten?
H : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress
P : Sak jane nggih sekedhik sekedhik seneng guyon
H : Malah ora ketompo
P : Lho kok......
H : Engko kowe mung email-emailan sing lucu
-------
H : Kowe mau mrene numpak opo ?
P : Nitih mobil
H : Kowe ora ketompo
P : Sebabipun ?
H : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar terus
P : Wo, kulo wau namung mbonceng, kok
H : Tambah ora ketompo
P : Lho, lha kok?
H : Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi!
-------
H : Anakmu akeh opo sithik ?
P : Kathah pak
H : Kowe ora ketompo
P : Sebabipun ?
H : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe anaaaaaak terus
P : Lha wong namung anak adopsi, kok
H : Tambah ora ketompo
P : Lho, lha kok?
H : Gawe anak bae aras2en, opo maneh nyambut gawe
-------
H : Kowe wis ngerti gaweyanmu durung ?
P : Dereng
H : Kowe ora ketompo
P : Sebabipun ?
H : Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane ?
P : Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok
H : Tambah ora ketompo
P : Lho, lha kok?
H : Kowe rak mung arep keminter, to?
-------
H : Kowe ngerti kahanan kantor kene durung
P : Dereng
H : Kowe ora ketompo
P : Sebabipun?
H : Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantore?
P : Wo, sekedhik-sekedhik sampun ngertos kok
H : Tambah ora ketompo
P : Lho, lha kok?
H : Kowe senengane ngudhal-udhal wewadi kantor, to?
-------
H : Kowe kerep loro?
P : Mboten
H : Kowe ora ketompo
P : Sebabipun?
H : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering
P : Wah, sakjanipun nggih asring
H : Tambah ora ketompo
P : Lho, lha kok?
H : Kantor iki ora nompo karyawan pileren
-------
H : Kowe biso main Internet?
P : mBoten
H : Kowe ora ketompo
P : Sebabipun?
H : Perusahaan ora nompo BI(Buta Internet)
P : Wah, sakjanipun nggih saged
H : Tambah ora ketompo...
P : Lho, lha kok ... ?
H : Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan internet, to? Ngentek-entekke pulsa!
-------
H : Kowe waras opo ora?
P : Lha, kulo nggih waras to Pak
H : Ra ketompo...
P : Kenging nopo?
H : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene
P : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan
H : Malah ra ketompo...
P : Pripun to niki?
H : Mengko aku duwe saingan...

Comments
3 Comments

3 orang bicara:

FATAMORGANA said...

lha, aku ora ngerti. omong opo toh? he he he...

masiqbal said...

hahahahahahahah lucu tenan mas... mantab

Anonymous said...

badala, kuwi bose ra niat tenan. he99x lucu2...

sajak'e pengalaman pribadi yo... mas.

undangan ikut milis blogger solo dah tak kirim. cek mail ya...